GEGURITAN KANGGO KUDANGANKU

KUDANGANKU

Mbarengi wulan purnama sidi, kang nuju andadari

Andungkap surup surya wancine, swasana kang karasa jroning kalbu yoiku

Adem kekes rumesep saranduning angga, parandene

Sliramu kepengin banget tumuju ing palataran, kaya-kaya datan gelem tininggal dening swasana kang maweh daya tentreming rasa, hayem hangayomi.

Anakku ngger, bocah ayu……..

“Mara coba sawangen, ing bang kidul kae ana cahyo sak tebok gedhene.

Ora liya yoiku prabane sang sita resmi”. Kaya tan kedhep-kedhepa sliramu ndulu endahing wengi iki. Umiditing sang bayu, tumetesing tirta wening kang amung sak tetes, anjalari atinira sangsaya kepranan.

Mangertiya bocah ayu…..

Kae mono kabeh purbaning Kang Maha Kawasa, kang kuwasa angratoni ing jagad raya.

Sira kudu eling lamun kaendahan kang katon ing jagad iki, dudu endah kang sejati.

Mula wekas ingsun ngger…

Sira aja gampang kapilut marang gebyaring kahanan kang katone nengsemake. Aja gampang kablithuk dening tembung manis manuhara. Awit jaman iki jaman lamat-lamat jaman kang ora cetho alang ujure, ora setya janji-janjine, ora jumbuh karo tembung ngarepe.

Pira wae wong kang kena apus krama merga ndeleng endahing kahanan kang mencutake.

Ora dipikir disik kepriye bakal kedadehane ing tembe mburi, wekasan temah anandhang kapitunan.

Anakku ngger bocah ayu……..

Mula eling dieling, sira kudu tansah eling karo pepeling saka Gusti Kang Maha Wening.

Lamun sliramu mbesuk bisa dadi panguwasa, ajaben bisa anduweni watak wicaksana, lan kudu bisa nindakake purba wasesa. Tegese wasis ngempakake panguwasa kanthi tulus luhuring pakarti, temah kang kapurba tan kerasa, kang kawasesa rumangsa mulya tanpa upama.

Anakku ngger bocah ayu………

Wis wancine sliramu ninggalake omah, amarga ora becik lamun sira terus kayungyun ing papan kene. Wus mangsane sira ngudari sasmitaning alam iki. Mung weling ku sepisan maneh aja gawe rusak kaendahan lan katrentreman, nanging kahanan reksanen sak gaduking laku. Sira kudu rumangsa handarbeni, mula wajib hangrungkepi, kanthi bangkit mulat sarira hangrasawani.

Ayo ngger, kinantenan donga bapa lan biyungmu.

Ngayogyakarta-Rebo paing, 05 Mei 2004-Purwadi, S. Sn-NIP: 132300973-Geguritan ini di baca oleh Akhir Lusono, S. Sn-dalam acara “dialog temu sastrawan” di pendapa Balaikota Yogyakarta,-pada tanggal 05 Mei 2004 http://purwadicitra.wordpress.com diubah seperlunya

29 pemikiran pada “GEGURITAN KANGGO KUDANGANKU

  1. inggih ,boso Jawi ugi budaya Jawi meniko pancen sae….ndadosaken manah kulo tansah keronto-ronto bilih enget Biyunggggg, sinaoso sampun merantau mekaten ananging mboten saget kesupen….lha inggih malah dados lan saenipun ,awit mboten ngisin-isini tumraping pergaulan.Pokokipun boten wonten ruginipun ,matur suwun kunjuk Bapak tuwin Ibu Guru Sekolah Dasar kulo, mugi-mugi sedoyo ajaranipun pikantuk piwales dene Alloh SWT amin.
    ..
    Bunga: sekarang di Samarinda? aslinya dari mana?
    terima kasih ya berkunjung dan mau meninggalkan komentar

    1. kulo meniko tiang Jawi ugi mas Budi , darah saking kanjeng sibu Blitar Jawa Timur, Rikolo taksih alit nggih mboten asing kalian budaya Jawi, namung sakmangke sampun wangsul kampung awit kang Romo sampun pensiun saking dinasipun ,o inggih kang Romo piyantun saking Kutai Kertanegara.dados nggih meniko sampun blesteran Jawi Kutai ….

  2. Ping-balik: Terima kasih Om Zarod

  3. Pak Budies, tembung-tembung Panjenengan ing geguritan punika “maknyus”, nresep kanthi temen ing sajroning batinku.

    Salam kenal, Pak Budies.
    Manawi wonten lodhanging wekdal, kaaturan mampir wonten ing blog kula.
    htt://sungkowoastro.blogspot.com

    Nuwun, Gusti tansah paring kanugrahan. Salam kekerabatan.

  4. sukolaras

    Suro diro djojo ningrat lebur dening pangastuti.
    Sungguh luar biasa kalimat ini maknanya, makanya jangan adigang adigung, ojo dumeh, sok pinter dst …………..
    RAWE RAWE RANTAS MALANG MALANG PUTUNG

    Rahayu 3x
    Sukolaras/Wandi

  5. (maaf) izin mengamankan PERTAMA dulu. Boleh kan?!
    Ayo Nduk bocah ayu dipirengke temenanan, si Om ugho melu ngerungokke. Sajake pitutur iki langsung iso tresep gawe ademing jruning kalbu.
    –walah, sampai mau keseleo lidahku….

Tinggalkan Balasan ke bunga Batalkan balasan

Situs ini menggunakan Akismet untuk mengurangi spam. Pelajari bagaimana data komentar Anda diproses.